NGATI - ATI KARO ATIMU
Waosan : 2 samuel 11:1-15
Menawi sesambetan kaliyan piilihan, boten sekedhik tiyang ingkang sampun judheg utawi katog, gadhog ngadhepi satunggal prekawis, dipun paringi pitedah supados mirengaken swantening manah utawi atinipun. Biasanipun wonten tiyang ingkang ngandika: " Lha piye ta atimu... sajake menteb sing ngendi ? ". Lha menawi sesambetan kaliyan nemtokaken sikap, biasanipun wonten ingkang ngandika mekaten: "Ati -ati, diantebne tenan atine, nek wes sreg njur ndang dilakoni..." Sedaya perkawis asring pungkasanipun dipun wangsulaken dhateng ati utawi manah kita piyambak. Kamangka, dereng tamtu panggraitaning manah utawi ati kita punika sedayanipun leres. Awit, saged ugi ( lan mbok bilih asring ) swantenipun manah utawi ati kita punika sulaya, boten condhong kaliyan karsanipun Gusti Allah.
Gambar Ilustrasi dalam " Berdoa "
Cariyos Prabu Dawud ugi nedahaken bab tiyang ingkang nuruti pikajengipun manah. Prabu Dawud ngupadi supados Uria saged sirna. Kanthi mekaten, panjenenganipun saged mundhut Batsyeba dados semahipun, amargi Batsyeba sampun ngandhut putranipun Prabu Dawud.Prekawis punika ndadosaken Prabu Dawud dhawah ing dosa. Gusti Allah boten karenan ing penggalih dhumateng tumindakipun Prabu Dawud. Kita sami mangertos kalajenganipun cariyos punika bilih lampah gesang brayatipun prabu Dawud salajenganipun boten nate tentrem, malah ngantos dados crah. Sadaya inggih awit kawiwitan dosa nuruti pikajenganipun manah.
Wonten ing sedaya lelampahan kita, sak mesthinipun tansah lelandhesan karsanipun Gusti Allah. Sanes lelandhesan pikajenging ati utawi swantenipun manah kita. Awit swantenipun manah - ati kita saged lepat, saged sulaya lan njlomprongaken gesang kita ugi brayat, tumuju dhateng kacilaka lan kasangsaraning gesang. Nanging menawi gesang kita tansah lelandhesan karsanipun Gusti Allah, tamtu gesang ingkang kebak tentrm rahayu, kawilujengan lan binerkahan. [wn].
Sumber : PAH GKJW tanggal 29-07-2018
[ Pancaran Air Hidup GKJW - 29 Juli 2018 ]
0 Komentar
Sebuah kehormatan bagi kami jika anda bersedia mengisi form komentar.