SETYA NETEPI TIMBALAN
Waosan : Amos 7:7-15
" Ana sing ngomong : " Masia akeh banget wong sing eneng karo awake dhewe, mesthi ana sing ora seneng. Masia akeh wong sing ora seneng karo awake dhewe, mesthi isih ana sing seneng karo awake dhewe." Iki artine mokal nyenengne kebeh wong. Pancen ya lumrah nek ora bisa nyenengke kebeh wong, sebab wong akeh kuwi macem-macem kesenengane lan kepentingane. Mesthi ana sing beda kesenegane lan kepentingane karo aku. Dadi nek ana sing ora seneng karo aku, ya lumrah."
"Nabi Amos ya ana sing ora nyenengi, yaiku Amazia, Imam ing Betel. Nabi Amos didakwa golek bayaran srana anggone ngabarake wangsite ( Sabdane ) Gusti. Amos nganti ditudhung saka Betel, dikongkon lunga menyang Yehuda. Tapi ketoke Amos ora perduli karo omongane Amazia. Masia wangsite Gusti sing dikabarake ora nyenengake Amazia lan raja Yerobeam, Amos tetep ngabarake wangsit iku. Sing penting kanggo Amos, nglakoni apa sing dadi timbalane Gusti, sabdane Gusti; sing penting olehe nglakoni timba timbalane Gusti dilakoni kanthi tulus, tanpa pamrih apa-apa. Amos olehe nglakoni timbalane Gusti diakkoni kanthi andhap asor, tapi ya tenanan."
"Aku kelingan karo apa sing dilakoni denening Gusti Yesus. Mulai pertama nganti saiki ora sethitik wong sing ora seneng karo sing dilakoni Gusti Yesus. Manka sing dilakoni Gusti Yesus iku bener, sampurna, lan ya kanggo keslametan, katentreman lan kabungahane manungsa. Ngono lho kok isih akeh sing ora seneng. Tapi Gusti Yesus tetep setya nglakoni pakaryane nganti disalib."
"Dadi nek ana wong sing ora seneng karo sing tak lakoni, ya wis ben. Aku dianggep remeh, ya ben. Sing penting apa sing tak lakoni bener, cocok karo sabdane Gusti. Sing penting olehku nglakoni ya kanthi tulus an andhap asor. Muga- muga Gusti karenan karo kelakuanku." [st}.
Sumber : PAH GKJW tgl 15-07-2018
[ Pancaran Air Hidup GKJW minggu, 15 Juli 2018 ]
0 Komentar
Sebuah kehormatan bagi kami jika anda bersedia mengisi form komentar.